Artikel Terbaru

Monday, April 16, 2018

Juguran Banyumasan Lambe Manual lan Lambe Cakram


Kaki Nasori umure wis 90 th ning nesih giras lan semrintil , udude nesih nggapek ora tampikan, lintingan oke, apamaning rokok lintingan pabrik kayata Djarum 76 sig diarani Rokok Bodo.
Soale angka urute kewalik angka 7 ndisit tinimban angka 6,Sriwedari, GG Djaya,tumekan Kretk filter Dji Sam Soe, GG Filter, Djarum filter tumekan Rokok Mild ,uga model Rokok Malboro.
Saben dina kaki Nasori bolak-balik maring sawah lan kebon mbuh ngasih pirang ambal, mulane diarani kaya gosokan. Awake gering ning atos, ambekane nesih normal langka moneni ngik ngok kaya kardion apa organ,

Urip kawit jaman penjajahan Landa, Jepang lan menangi perjuangan ngrebut kamardikan negara Indonesia . melu berjuang toh pati toh getih ananging ora gelem melu dereken veteran. lho nek gelem ngurus jane Kaki Nasori oleh pensiunan veteran.

Berjuang mungguhe Kaki Nasori kue ora arep-arep oleh piwelas ,sing penting iklas, Deneng tekan zaman Revolusi Mental nesih bisa madang,udud lan kluyuran, uga menangi anak putu buyut. Urip tentrem langka utang, rezeki ana baen mbuh ngode macul,bedog apa ngrewangi tangga teparo sing lagi kesusaahan.

Kaki Nasori gemiyen melu ngawula karo Pak Carik Salimi nganthi tumekan 30 tahun , Pak Salimi wonge eman ,loman lan kepenakan, ora tau ngarani maring Kaki Nasori ngomong Kacung apamning Jongos. Pak Carik Salimi angger ngendika kepenak derungokna, akhlaqe andap asor , dunya branane akeh tur sugih, Rakya desane padha tentrem lan adem merga

Pak Carik Salimi uga pinter lan nduwe ngelmu pitulungan nambani wong wadon sing arep babaran kesuwen utawa kangelan . ndillah berkah sawab berkah lan dongane dikobul wong wadon sing angel babaran dadi gangsar.

Udu kuwe thok, Pak Carik Salimi uga pinter nyababi wong stress utawa gemblung sing cokan ngamuk kelawan diombeni banyu belik ngarep umah

Kaki Nasori angger mikirna kahanan siki mung nlangsa awak , kemutahan melu babad pacinge negara. Rikala Bung Karno maring Purwokerto ya tahu salaman wektu nang alun-alun, sing saiki isine air mancur.. lan wringine wis padha digombrangi.

Zaman saiki apa-apa koh mung urusane duit, jere ngabdi maring negara jebule malah nggo pahalan. lan nggo rayahan thok. Arep mulya kepriwe uripe wong dadi abdi rakyat lan negara karo rakyate adoh , sing dipikir mung waduke utawa wetenge dewek. Suwe-suwe padha busung bubarane.

Ujare Kaki Nasori gemiyen pamong desa, apa pegawe kawit jaman penjajahan tumekan jaman sadurunge reformasi nesih mandan perek antarane rakyat, pemerintah lan uga wakil rakyate.
Saiki ...ampun kabeh -kabeh isine dol-tinuku...pegaweane ora deurus malah sing diurus mung perkara pengahsilane.. Sedela-dela demo, kurang bayaran demo, kurang kesejahteraan demo.

Mbok padha mikir,inyong gemiyen berjuang gawe negara ora tau mikir rep olih bayaran apamning kesejahteraan Hoh negarane arep makmur lan sejahtera keprimen wong isine padha clutak duit apbd,apbn lan cluthak duit liane.

UUD 1945 ndadak sara diowahi lan diuthak atik, ujar-ujare gampang lan kemagus ora ngerti ruh lan isine sing sebenare UUD 1945. Mung kader maca,utawa sekolah ,,kuliah trus olih gelar Drs, Dra, SH,MH, Dr apa Profesor trus kemaki UUD 1945 diamandemen,

Ngkana-kana ora tau sinau sujarah bangsa wis bolan balen ganthi UU rikalane Presiden Ir Soekarno, uga model Demokrasine,wis dijajal kabeh, Demokrasi liberlal uwis, Demokrasi Terpimpin uwis, akhire balik maning anane Dekrit 5 Juli 1959.

Lho kok langka kapoke enggane UUD 1945 dimandemen nganthi ping 4 nyatane kawit reformasi tumekan siki th 2015 isine mung gubes lan pecah antarane siji golongan karo golongan liane. malah angger debanjur banjurna bisa bubrah negara Indonesia.

Lucu tur merguyokna , ana ormas sing urip nang Indonesia malah manute marang pemimpine sing negara ia. isine ngala-ngala Pancasila,NKRI kepengin gawe negara dewek. Lhoh koh nesih betah nang bumi Indonesia sing jere pemerintahane Thogut, Iblis

Ana maning klompok sing gawene ngebom ngatas namakna agama.uga demo mentungi wong lia sing ora salah.

"Hoh mbok padha mikir, inyong gemiyen melu gawe negara banget rejasanem saiki koh mung padha congkrah, rebutan proyek, rakyate ora depikir, depikir ari arep dadi buapti, gubernur, presiden, dprd,dpr, dpd lamis ben kampanye lambene kaya lambe Dorna, Sengkuni"

Kaki Nasori kemreket untune sinambi gathik kesuh angger mikirna negara
Saiki pemimpin modele Lambe Manual..angger ngomong kaya Dalang Jemblung langka reme, mulane ngromed langka buktine. Mbok wis zaman Informasi lan teknologi Lambene kudune Lambe Cakram, angger ngomong mandege cepet tur ana buktine.

Nek ora ya mandan mirip HP, saiki kabeh-kabeh ngango HP layar sentuh, dadi pemimpin kudune nganggo sentuhan ati (sense of belonging) gari mimpin wargane lan peka maring kahanan rakyate. aja kaya HP jadul konvensional kaya tukang pijet baen, apa apa kudu deoreg lan digthaki.
Oh,,,Melas temen jaman aya wene koh malah tambah bodo lan rekasa nglewihi jaman penjajahan.

0 comments:

Post a Comment