Artikel Terbaru

Monday, April 16, 2018

Serat Wirid Hidayat Jati Karya R,Ng Ranggwarsita

Kolom Budaya Jawa
SERAT WIRID HIDAYAT JATI
Karya:R.Ng Ranggawarsita

Wangsite Kanjeng Susuhunan Kalijaga Bab Apa Kang Bakal kaleksanan Ing Dalem Jaman Karamattullah

Iki Wangsite Kangjêng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kalêksanan ing sajroning jaman karamatu'llah, kaya mangkene (R .Tanaja :1954:40)
Ing atasing 'aral basariyah kabèh, yêkti padha anandhang jawaliyah, têgêse, pêpalanganing manusa iku padha kêna owah gingsir, iya iku pratandhane apêsing kawula. Kayêktènan ing dalêm 'adam kukmi katon saka pangrasa kaya ing ngisor iki.
1. 'Alam Rokhiyah.
1. Kang dhingin, awit katon 'alam Rokhiyah têgêse 'alaming nyawa, apadhang dudu padhanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing ngisor ing dhuwur, ing kono aningali sagara tanpa têpi, iku wahananing ati kawimbuhan cahyaning utêk, satêngahing sagara katon ana duryat pancamaya warna kaya teja gumawang cahyane, iku wahananing jantung kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang panca maya anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, êmpane dumunung ana ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa, diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabèh, ing nalika iku aja nganti kasamaran marang panêngêraning rupa kang sajati, iya iku rupa-kita pribadi.
2. Alam Siriyah.
2. Kang kapindho, sasirnaning 'alam Rokhiyah, katon 'alam Siriyah, têgêse 'alaming rahsa, padhange angluwihi padhanging 'alam Rokhiyah, ing kono têkaning cahya patang warna irêng abang kuning putih, iku wahananing budi, amêtokake kahananing napsu patang prakara, kang padha dadi durgamaning ati, katone tumaruntun siji-siji, kang wiwit katon dhingin, cahya irêng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip amarakake dahga arip luwe sapanunggalane, wahane[45] ing wadhuk wahyaning saka lesan kadadiyane ing sajroning cahya irêng katon sakaliring sato kewan miwah gêgrêmêt, padha anggragada kaya anganggêp Pangeran, prabawane bumi gonjing, 'alaming napsu diarani 'alam nasut, têgêse lali ing nalika iku panggonaning lali, poma, diengêt sarta. (R.Tanaja:1954:41)
santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya irêng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah gêgrêmêtan.
Ora antara suwe cahya irêng sirna, katon cahya abang, iku kahananing napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara panastèn dêduka sapanunggalane, wahanane ing ampêru, wahyane saka karna, kadadeyane ing sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brêkasakan, iya padha kaya anganggêp Pangeran, prabawane gêni murup gêdhe angalad-alad 'alaming napsu diarani 'alam jabarut, têgêse asrêng, ing nalika iku panggonaning rêksasa, poma disarèh sarta santosa, aja anganti korup ana sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brêkasakan.
Ora antara suwe cahwa abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing napsu Sufiyah, wahane[46] ing nalika urip amarakake pakarêman murka, pêpenginan pakarêman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lêlimpa, wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk miwah bangsa ibêr-ibêran, iya padha angragada[47] kaya anganggêp Pangeran, prabawane angin pancawora gêdhe 'alaming napsu diarani 'alam lahut, têgêse gingsir, ing nalika iku panggonaning rênggang saliring anggaota, poma ditêtêp, sarta santosa, aja anganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa ibêr-ibêran.
Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning bêburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya padha a kaya anganggêp Pangeran prabawa banyu wêning tanpa sangkan 'alaming napsu diarani 'alam malakut têgêse katon, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton, poma diwaspada sarta santosa, sabab [sa...] (R.Tanaja:1954: 42)
[...bab] dudu sajatining karaton kang rinakit maha mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning bêburon banyu.
3. 'Alam Nuriyah.
3. Kang kaping têlu, sasirnaning alam Siriyah, katon 'alam Nuriyah, têgêse 'alaming cahya, padhange angluwihi padhanging 'alam Siriyah, ing kono têkaning cahya amancawarna, irêng abang kuning putih ijo, gumêlar barêng padha katon karaton sarwa raras kabèh, iku wahanane pancadriya, kawimbuhan cahyaning pramana, 'alaming pancadriya diarani 'alam hidayat, têgêse pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumêlaring karaton, ananging dudu sajatining karaton kang rinakit maha mulya, iya iku karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning cahya irêng, iku dzating sato kewan, miwah gêgrêmêtan kang katon ana sajroning cahya abang, iku karaton dzating brêkasakan, kang katon ana sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa ibêr-ibêran, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating iwak loh, miwah bangsaning bêburon banyu, kang katon ana sajroning cahya ijo, iku karaton dzating têtuwuhan, ing nalika iku ana kapiyarsa swara kaya anuduhake karaton kang agung kang maha mulya, poma dijinêm sarta santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalêbu ing karaton panasaran.
4. 'Alam Nuriyah Luhur.
4. Kang kaping pat, isih ana sajroning 'alam Nuriyah,. ing kono katon cahya wêning, sajroning cahya ana urub sawiji angadêg sasada lanang gêdhene, darbe sorot wolung warna, irêng abang kuning putih ijo biru wungu dadu, gumêlar padha katon swarga asri kabèh, iku wahananing warnaning pramana, kawimbuhan dening suksma, 'alaming pramana diarani 'alam 'iskat, têgêse birahi dening panggonane rumasa.(R.Tanaja:1954:43)
brangta marang gumêlaring swarga, ananging dudu sajatining swarga kang maha suci, dudu panggonan kang nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabèh, amung panggonan kamuktèn bae, kaya ta:
Kang katon swarga irêng mêlês mêlêng-mêlêng mimba mustikaning bumi iku kadadiyan saka kanisthaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi rêtuning[48] jin irêng.
Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sêsotya gêniyara, iku kadadiyan saka dusthaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, mbokmanawa dadi ratuning jin abang.
Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba rêtna dumilah, iku kadadiyan saka dorsaning[49] cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin kuning.
Kang katon swarga sarwa putih maya-maya wênês mimba manik maya, iku kadadiyan saka sêtyaning cipta, yèn jumênêng ana kono, bokmanawa dadi ratuning jin putih.
Kang katon swarga sarwa ijo angênguwung mimba manik tejamaya, iku kadadiyan saka santosaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono bokmanawa dadi ratuning jin ijo.
Kang katon swarga sarwa biru muyêk mimba manik nilapakaja, iku kadadiyan saka sambawaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono bokmanawa dadi ratuning jin biru.
Kang katon swarga sarwa wungu nêngêr mimba manik pusparaga, iku kadadiyan saka sambadaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin wungu.
Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba manik mirah dalima, iku kadadiyan saka owah gingsiring cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin dadu. Ing nalika iku kambu gandane sakèhing kahyangan mau amrik arum angambar kaya anarik ing rahsa, poma aja nganti karaksake,[50] bokmanawa kalêbu ing swarga panasaran.
(R.Tanaja:1954:44 )
5. 'Alam Uluhiyah.
5. Sasirnaning 'alam Nuriyah, katon 'alam Uluhiyah, iya iku 'alam Ilahiyah, têgêse 'alaming Pangeran, padhange angluwihi padhanging 'alam Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating rêrupan kaya tawon gumana, jumênêng ing makam pana, iku warnaning suksma kang amimbuhi ing saliring warna kabèh, anglimputi saubênging jagad cilik jagad gêdhe ing saisèn-isène, ananging uripe saka pramaning[51] rahsa, ing nalika iku têkaning malaekat, awarna bapa kaki, sapanunggalane lêluhur lanang, angaku utusane Dzat Kang Maha suci, kinèn angirid marang chalaratu'llah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku af'aling suksma-kita pribadi.
6. 'Alam Uluhiyah Luhur.
. Kang kaping nêm, isih sajroning 'alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh padhange, ing kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating rêrupan kaya golèk gadhing asawang pêputran mutyara, dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, jumênêng ing makam baka, iku pramananing rahsa kang amurba amisesa ing 'alam kabèh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku têkaning widadari awarna biyung nini, sapanunggalane lêluhur wadon, angaku utusane Dzat Kang Amaha Suci, kinèn angirid marang chakaratu'llah,[52] poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku af'aling rahsa-kita pribadi.
7. 'Alam Uluhiyah Luhur Dhewe.
Kang kaping pitu, isih sajroning 'alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padhange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wêwayangan iku Dzating atma, anunggal Sajatining Dzat Kang Asifat Esa, ora jaman, ora arah, ora-ênggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali abadi, kang amurba amisesa kang kawasa nitahake sakaliring alam anglimputi ing 'alam kabèh apranawa mêngku saliring makam sampurna, urip dhewe ora ana kang nguripi dibasakake: chayun bilarochin, têgêse tanpa (R.Tanaja:1954:45)
nyawa, iya iku Tajalining Gusti Kang Amaha Suci Sêjati, kang agung Dzate, kang elok sifate, kang wisesa asmane, kang sampurna af'ale, dumunung ing urip kita pribadi, ing kono tanpa antara pamoring kawula-gusti, iya iku urip kita mulih dadi sajatining Dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake: chayun pidareni, têgêse urip ing kahanan lor ana ing 'alam sahir kita urip, ana ing 'alam kabir iya urip, padha sanalika banjur èngêt ing wèntèhan saniskaraning purwa madya wasana kabèh. Aja uwas sumêlang manèh, ing wêkasan sumangga, anggon-anggon ana ing karsa, katarima ana ing sarira, aku amung drêma angimpun sakaliring ngelmi saka wêwêjanging guru sawiji-sawiji, pangrasaning ati wis ganêp, kuranga kaya ora akèh, anjaba amung wêjange Kiyahi Agêng Liman, iku pakewuh ênggonku matrapake, sabab unine kaya ngelmu kabuddhan, mangkene pamêjange.
Hiyang hyang jawata yogyaning ngulun, kawidèkna kapiya karêp, gunung lawu sap pitu iku kabèh, Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya amêmuji aja nganti mati ing saênggon-ênggon, bisaa mati kaulêsan lawon lapis pitu, ananging pakewuhing patrap dening unine kang anandhakake ora pakolèh.

Ing wusana aku matur ambodhoni, ana kang durung pati têrang ing sêsurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda bêcik, manawa ing buri ana kang wis olèh katêranganing sêsurupan, anyumanggakake patraping panggonane.

Dene pemutku Wirid iki ora kêna kapriksa marang kang durung tunggal ngelmu, bokmanawa kawancenan mundhak apa pakolèhe, dhêstun amung bêbantahan bae, mulane bangêt-bangêt ing wêwêlingku, aja nganti para bantahan, muga kagaliha ing sayêktine.( R.Tanaja :1954:46)
Ungaran 16 April 2018

0 comments:

Post a Comment