Artikel Terbaru

Friday, April 13, 2018

Juguran Banyumasan DONGKOL

Manten Kades Darwati wingi wektu kumpulan PKK nang Balai Desa gari pidato apik banget,rumangsa dadi Ketua PKK.babar blas Kades Karnawi ora kon nyambut apamning pidato, uga sekdese mung dnlohom thok kaya kepoh. Untung Kades Karnawi karo Sekdese Purwanto ora kon ngango klambi wadon.

Ngakune gari pidato paling apik dewek langka sing madani, enggane ana Akademi Orasi nang Bodol TV kayane Darwati dadi juarane..soale angger pidato mlompat-mlompat kaya lagi balapan karung. Gari anggon-anggon mirip kaya putri Salju,

Nini Lastri njangong nang mburi karo mbekayu Mut.mung anthuk gedeg ngungokna pidatone Darwati'
" Ujarku wis tuwa omongane dadi ngemprah !"
"Iya ngakune kaya dadi Kades"
"Domong koh...." Nini Lastri nyengir kuda maring Mbekayu Mut
"Wong ora lumrah pak Kadese ora olih nyambut kaya desane dewek" jawabe Mbkeayu lastri
" Malah sing ora lumrah maning Kadese ndarani Kacung apa Jongos dupeh gemiyen dimodali ning darwati"
Mbekayu Mut sinambi mangan lemper , nyiwit tangane Nini Lastri sing lagi nginang nang bangku mburi'
"Ana apa jaen Mut"
"Hi hi hi wong wis dadi dongko; koh ngakune kaya Kades"
"Brisik Mut....mbok anak wadone ana sing nggrungu" Nini Lastri ngemutna Mbekayu Lastri..
"Darwati..Darwati...Dadi Dongkol ya Dongkol baen aja ngaku dadi Kades....ngimpi ndean" Mbekayu lastri cekikikan tambah aos nggagrake.

Karangnangka 13 April 2017

0 comments:

Post a Comment