Kolom Budaya Jawa
SERAT WIRID HIDAYAT JATI
Karya:R.Ng Ranggawarsita
Wangsite Kanjeng Susuhunan Kalijaga Bab Apa Kang Bakal kaleksanan Ing Dalem Jaman Karamattullah
Iki Wangsite Kangjêng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal
kalêksanan ing sajroning jaman karamatu'llah, kaya mangkene (R .Tanaja
:1954:40)
Ing atasing 'aral basariyah kabèh, yêkti padha
anandhang jawaliyah, têgêse, pêpalanganing manusa iku padha kêna owah
gingsir, iya iku pratandhane apêsing kawula. Kayêktènan ing dalêm 'adam
kukmi katon saka pangrasa kaya ing ngisor iki.
1. 'Alam Rokhiyah.
1. Kang dhingin, awit katon 'alam Rokhiyah têgêse 'alaming nyawa,
apadhang dudu padhanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing
ngisor ing dhuwur, ing kono aningali sagara tanpa têpi, iku wahananing
ati kawimbuhan cahyaning utêk, satêngahing sagara katon ana duryat
pancamaya warna kaya teja gumawang cahyane, iku wahananing jantung
kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang panca maya
anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, êmpane dumunung ana
ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa,
diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabèh, ing
nalika iku aja nganti kasamaran marang panêngêraning rupa kang sajati,
iya iku rupa-kita pribadi.
2. Alam Siriyah.
2. Kang
kapindho, sasirnaning 'alam Rokhiyah, katon 'alam Siriyah, têgêse
'alaming rahsa, padhange angluwihi padhanging 'alam Rokhiyah, ing kono
têkaning cahya patang warna irêng abang kuning putih, iku wahananing
budi, amêtokake kahananing napsu patang prakara, kang padha dadi
durgamaning ati, katone tumaruntun siji-siji, kang wiwit katon dhingin,
cahya irêng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip
amarakake dahga arip luwe sapanunggalane, wahane[45] ing wadhuk
wahyaning saka lesan kadadiyane ing sajroning cahya irêng katon
sakaliring sato kewan miwah gêgrêmêt, padha anggragada kaya anganggêp
Pangeran, prabawane bumi gonjing, 'alaming napsu diarani 'alam nasut,
têgêse lali ing nalika iku panggonaning lali, poma, diengêt sarta.
(R.Tanaja:1954:41)
santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya irêng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah gêgrêmêtan.
Ora antara suwe cahya irêng sirna, katon cahya abang, iku kahananing
napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara panastèn dêduka
sapanunggalane, wahanane ing ampêru, wahyane saka karna, kadadeyane ing
sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brêkasakan, iya padha
kaya anganggêp Pangeran, prabawane gêni murup gêdhe angalad-alad
'alaming napsu diarani 'alam jabarut, têgêse asrêng, ing nalika iku
panggonaning rêksasa, poma disarèh sarta santosa, aja anganti korup ana
sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brêkasakan.
Ora
antara suwe cahwa abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing
napsu Sufiyah, wahane[46] ing nalika urip amarakake pakarêman murka,
pêpenginan pakarêman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lêlimpa,
wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon
sakaliring manuk miwah bangsa ibêr-ibêran, iya padha angragada[47] kaya
anganggêp Pangeran, prabawane angin pancawora gêdhe 'alaming napsu
diarani 'alam lahut, têgêse gingsir, ing nalika iku panggonaning
rênggang saliring anggaota, poma ditêtêp, sarta santosa, aja anganti
korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah
bangsa ibêr-ibêran.
Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya
putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake
lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata
kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka
ing grana kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak
loh, miwah bangsaning bêburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya padha a
kaya anganggêp Pangeran prabawa banyu wêning tanpa sangkan 'alaming
napsu diarani 'alam malakut têgêse katon, ing nalika iku panggonane
uninga ing karaton, poma diwaspada sarta santosa, sabab [sa...]
(R.Tanaja:1954: 42)
[...bab] dudu sajatining karaton kang
rinakit maha mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih,
bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning bêburon banyu.
3. 'Alam Nuriyah.
3. Kang kaping têlu, sasirnaning alam Siriyah, katon 'alam Nuriyah,
têgêse 'alaming cahya, padhange angluwihi padhanging 'alam Siriyah, ing
kono têkaning cahya amancawarna, irêng abang kuning putih ijo, gumêlar
barêng padha katon karaton sarwa raras kabèh, iku wahanane pancadriya,
kawimbuhan cahyaning pramana, 'alaming pancadriya diarani 'alam hidayat,
têgêse pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumêlaring
karaton, ananging dudu sajatining karaton kang rinakit maha mulya, iya
iku karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning
cahya irêng, iku dzating sato kewan, miwah gêgrêmêtan kang katon ana
sajroning cahya abang, iku karaton dzating brêkasakan, kang katon ana
sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa
ibêr-ibêran, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating
iwak loh, miwah bangsaning bêburon banyu, kang katon ana sajroning cahya
ijo, iku karaton dzating têtuwuhan, ing nalika iku ana kapiyarsa swara
kaya anuduhake karaton kang agung kang maha mulya, poma dijinêm sarta
santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalêbu ing
karaton panasaran.
4. 'Alam Nuriyah Luhur.
4. Kang kaping
pat, isih ana sajroning 'alam Nuriyah,. ing kono katon cahya wêning,
sajroning cahya ana urub sawiji angadêg sasada lanang gêdhene, darbe
sorot wolung warna, irêng abang kuning putih ijo biru wungu dadu,
gumêlar padha katon swarga asri kabèh, iku wahananing warnaning pramana,
kawimbuhan dening suksma, 'alaming pramana diarani 'alam 'iskat, têgêse
birahi dening panggonane rumasa.(R.Tanaja:1954:43)
brangta
marang gumêlaring swarga, ananging dudu sajatining swarga kang maha
suci, dudu panggonan kang nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing
jin kabèh, amung panggonan kamuktèn bae, kaya ta:
Kang katon
swarga irêng mêlês mêlêng-mêlêng mimba mustikaning bumi iku kadadiyan
saka kanisthaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi
rêtuning[48] jin irêng.
Kang katon swarga sarwa abang abra
marakata mimba sêsotya gêniyara, iku kadadiyan saka dusthaning cipta,
yèn jumênêng ana ing kono, mbokmanawa dadi ratuning jin abang.
Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba rêtna dumilah, iku
kadadiyan saka dorsaning[49] cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa
dadi ratuning jin kuning.
Kang katon swarga sarwa putih
maya-maya wênês mimba manik maya, iku kadadiyan saka sêtyaning cipta,
yèn jumênêng ana kono, bokmanawa dadi ratuning jin putih.
Kang
katon swarga sarwa ijo angênguwung mimba manik tejamaya, iku kadadiyan
saka santosaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono bokmanawa dadi
ratuning jin ijo.
Kang katon swarga sarwa biru muyêk mimba manik
nilapakaja, iku kadadiyan saka sambawaning cipta, yèn jumênêng ana ing
kono bokmanawa dadi ratuning jin biru.
Kang katon swarga sarwa
wungu nêngêr mimba manik pusparaga, iku kadadiyan saka sambadaning
cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin wungu.
Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba manik mirah dalima, iku
kadadiyan saka owah gingsiring cipta, yèn jumênêng ana ing kono,
bokmanawa dadi ratuning jin dadu. Ing nalika iku kambu gandane sakèhing
kahyangan mau amrik arum angambar kaya anarik ing rahsa, poma aja nganti
karaksake,[50] bokmanawa kalêbu ing swarga panasaran.
(R.Tanaja:1954:44 )
5. 'Alam Uluhiyah.
5. Sasirnaning 'alam Nuriyah, katon 'alam Uluhiyah, iya iku 'alam
Ilahiyah, têgêse 'alaming Pangeran, padhange angluwihi padhanging 'alam
Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating
rêrupan kaya tawon gumana, jumênêng ing makam pana, iku warnaning suksma
kang amimbuhi ing saliring warna kabèh, anglimputi saubênging jagad
cilik jagad gêdhe ing saisèn-isène, ananging uripe saka pramaning[51]
rahsa, ing nalika iku têkaning malaekat, awarna bapa kaki,
sapanunggalane lêluhur lanang, angaku utusane Dzat Kang Maha suci, kinèn
angirid marang chalaratu'llah, poma disantosa aja nganti angimanake,
sabab iku af'aling suksma-kita pribadi.
6. 'Alam Uluhiyah Luhur.
. Kang kaping nêm, isih sajroning 'alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh
padhange, ing kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating
rêrupan kaya golèk gadhing asawang pêputran mutyara, dudu lanang dudu
wadon, dudu wandu, jumênêng ing makam baka, iku pramananing rahsa kang
amurba amisesa ing 'alam kabèh, ananging uripe saka dzating atma, ing
nalika iku têkaning widadari awarna biyung nini, sapanunggalane lêluhur
wadon, angaku utusane Dzat Kang Amaha Suci, kinèn angirid marang
chakaratu'llah,[52] poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku
af'aling rahsa-kita pribadi.
7. 'Alam Uluhiyah Luhur Dhewe.
Kang kaping pitu, isih sajroning 'alam Uluhiyah, tanpa kira-kira
padhange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa
wêwayangan iku Dzating atma, anunggal Sajatining Dzat Kang Asifat Esa,
ora jaman, ora arah, ora-ênggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali
abadi, kang amurba amisesa kang kawasa nitahake sakaliring alam
anglimputi ing 'alam kabèh apranawa mêngku saliring makam sampurna, urip
dhewe ora ana kang nguripi dibasakake: chayun bilarochin, têgêse tanpa
(R.Tanaja:1954:45)
nyawa, iya iku Tajalining Gusti Kang Amaha
Suci Sêjati, kang agung Dzate, kang elok sifate, kang wisesa asmane,
kang sampurna af'ale, dumunung ing urip kita pribadi, ing kono tanpa
antara pamoring kawula-gusti, iya iku urip kita mulih dadi sajatining
Dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake: chayun pidareni, têgêse
urip ing kahanan lor ana ing 'alam sahir kita urip, ana ing 'alam kabir
iya urip, padha sanalika banjur èngêt ing wèntèhan saniskaraning purwa
madya wasana kabèh. Aja uwas sumêlang manèh, ing wêkasan sumangga,
anggon-anggon ana ing karsa, katarima ana ing sarira, aku amung drêma
angimpun sakaliring ngelmi saka wêwêjanging guru sawiji-sawiji,
pangrasaning ati wis ganêp, kuranga kaya ora akèh, anjaba amung wêjange
Kiyahi Agêng Liman, iku pakewuh ênggonku matrapake, sabab unine kaya
ngelmu kabuddhan, mangkene pamêjange.
Hiyang hyang jawata
yogyaning ngulun, kawidèkna kapiya karêp, gunung lawu sap pitu iku
kabèh, Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya amêmuji aja nganti
mati ing saênggon-ênggon, bisaa mati kaulêsan lawon lapis pitu, ananging
pakewuhing patrap dening unine kang anandhakake ora pakolèh.
Ing
wusana aku matur ambodhoni, ana kang durung pati têrang ing
sêsurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda bêcik, manawa
ing buri ana kang wis olèh katêranganing sêsurupan, anyumanggakake
patraping panggonane.
Dene pemutku Wirid iki ora kêna kapriksa
marang kang durung tunggal ngelmu, bokmanawa kawancenan mundhak apa
pakolèhe, dhêstun amung bêbantahan bae, mulane bangêt-bangêt ing
wêwêlingku, aja nganti para bantahan, muga kagaliha ing sayêktine.(
R.Tanaja :1954:46)
Ungaran 16 April 2018